Kamis, 08 Desember 2016

KASIH IBU BY RICKY VERGARRA Cipt. MIKO MICHAEL

Sabtu, 06 Juli 2013

Wirid " M A K N A D J A T I " 1955 "


<script async src="https://pagead2.googlesyndication.com/pagead/js/adsbygoogle.js?client=ca-pub-8082789001957586" crossorigin="anonymous"></script>

W I R I D

M A K N A D J A T I

Andunungaken chakekating dat, inggih dating Pangeran Ingkang Maha-Sutji. Pethikan saking Kitab. Murih gampil tinampen ing ndalem batos, ing griki namung kependhet pathining suraos kemawon.
  • Tjap-tjapan kaping 2
  • Kawedalaken dening Penerbit
  • 'SOEMODIDJOJO MAHA-DEWA"
  • ING PRADJA DALEM NGAJOGJAKARTA HADININGRAT
  • 1955
WIRID MANADJATI

Wirid Maknadjati punika ndunungaken chakekatipun dating Pangeran ingkang Mahasutji, ingkang tanpa rupa warna, dede djaler dede estri, dede wandu, boten djaman makam utawi boten arah boten anggen, dinulu boten katingal, dinumuk mboten kantenan.

Menggah sipating Pangeran wau muhung tumrap dhateng sinten kemawon ingkang sami awas ing tjipta sasmita, inggih punika ingkang kuwasa anekseni. Dene pangijasing guru anggenipun mangsit amedjangaken dhateng muridipun makaten :

Ing saderengipun wonten punapa-punapa, sarta alam sahir-kabir saisen-isenipun sadaja dereng dumados, ingkang rumijin pijambak amung daating Pangeran ingkang Mahasutji, tegesipun : asipat satunggal, serta rumijin pijambak wontenipun, boten djumeneng pribadi wonten salebetipun nukatgaib, sarta dumunung ing gesang kita ingkang langgeng, mengertosipun : inggih kang anggelaraken kodrat iradat. Dene kodrat-iradat punika sanjata kodrat-iradat kita pribadi, inggih kodrat-iradating Pangeran ingkang Maha-kuwasa asifat kajat, tegesipun asipat gesang, inggih gesanging Pangeran, inggih gesang kita pribadi. Dados warana wontenipun : dat, sipat, asma lan afngaling Pangeran. Nanging kemawon kababaripun wudjuding gesang kita, inggih warananing dat, sipat, asma lan afngaling Pangeran wau sarana papangkatan 7 prakawis kados ing ngandhap punika pratelanipun :
  1. Kaju, tegesipun gesang, anunggil kahananing dat.
  2. Nur (tjahja), dumunung sadjawining gesang.
  3. Sir, tegesipun rasa, dumunung sadjawining tjahja.
  4. Roh, tegesipun njawa (suksma), dumunung sadjawining rasa.
  5. Napsu, tegesipun angkara, dumunung sadjawining suksma.
  6. Ngakal, tegesipun budi, dumunung sadjawining napsu.
  7. Djasat (badan), dumunung sadjawining napsu.
Dene kaju, anggenipun nunggil kahananing dat, awit awit ingkang kapasrahan pangawasa kinarsakaken anggesangi kahananing : tjahja, rasa, suksma, napsu, budi lan djasat, menggah wiwidjanganipun maketen :
  1. Ing nalika kaju anggesangi kahananing tjahja, sumarambah ing kahananing dat, angagem netra kita.
  2. Ing nalika kaju anggesangi kahananing rasa, sumarambah panggandaning dat, angagem grana kita.
  3. Ing nalika kaju anggesangi kahananing suksma sumarambah ing lesan, wahananipun dados pangandikan inggih pangandikaning dat, angagem pangutjap kita.
  4. Ing nalika kaju anggesangi kahananing napsu, sumarambah ing talingan, wahananing saged amiharsa, inggih pamiharsa dat, angagem talingan kita.
  5. Ing nalika kaju anggesangi kahananing budi, sumarambah ing manah, wahananipun saged birai, ladjeng ndarbehi karsa, inggih karsaning dat, angagem manah kita.
  6. Ing nalika kaju anggesangi kahananing djasat sumarambah ing erah, wahananipun saged ambegan, ladjeng anuwuhaken : wulu, kuku lan ssaminipun, inggih punika afngaling dat, angagem ing solah bawa kita.
Dene afngaling dat, anggenipun mratandhani wonten salebeting alam, ladjeng saged amolahaken : bumi, surja, tjondra lan sesaminipun saisen-isening alam sadaja. Menggah sadaja wau sami dumunung wonten ing purbawasisaning dat, kados ing ngandhap punika pilah-pilahing pamurbanipun :
  1. Dat, amurba kaju, tegesipun dat, punika witing gesang, ambabar waskitha, kasebut nama Mahasutji.
  2. Kaju, amurba nur, (tjahja), ambabar wisesa, kasebut nama Mahamulja.
  3. Nur (tjahja), amisesa sir (rasa), tegesipun nur utawi tjahja punika amengku gesanging rasa, ambabar kawasa, kasebut nama Mahawisesa.
  4. Sir (rasa), amisesa roh, tegesipun sir utawa rasa punika amengku gesanging suksma, ambabar tjipta, kasebut nama Maha-kawasa.
  5. Roh (suksma), amisesa napsu, tegesipun roh utawi suksma punika amengku gesanging napsu, ambabar hesthi, kasebut nama Hamaluhur.
  6. Napsu (angkara), amisesa ngakal, tegesipun napsu utawi angkara punika amengku gesanging budi, ambabar karsa, kasebut nama Maha-agung.
  7. Ngakal (budi), amisesa djasat, tegesipun ngakal utawi budi punika amengku gesanging badan, ambabar hawa, kasebut nama Mahajekti.
  8. Djasat (badan), angleksanani pontjaindrija, ambabar solah tingkahing sariro, kasebut Allah-tangala.
Menggah wangsulipun makaten
  1. Djasat, kawisesa dening ngakal, tegesipun : ebahing badan punika kaprabawan osiking budi, mila kasebut Allah-tangala, dados sasandhaning Hjang Mahajekti, awit dening badan punika amratandhani afngaling budi.
  2. Ngakal, kawisesa dening napsu, tegesipun : osiking budi punika kaprabawan hawaning napsu, nila dipun basakaken Hjang Mahajekti, dados kanjatahaning Hjang Maha-agung, awit budi punika amratandhani afngaling napsu.
  3. Napsu, kawisesa dening suksma, tegesipun : hawaning napsu punika kaprabawan wahananing hawa, mila kabasaken Hjang Maha-agung, dados embanipun Hjang Mahaluhur, awit napsu punika anerusi afngaling suksma.
  4. Suksma, kawisesa dening rasa, tegesipun : wahananing suksma punika kaprabawan pranawan dening Hjang Mahakawasa, awit suksma punika mimbuhi afngaling rasa.
  5. Rasa, kawisesa dening tjahja, tegesipun : pramananing rasa punika kaprabawan pranawaning tjahja, mila kabasakaken Hjang Mahakawasa, dados sengkeraning Hjang Mahawisesa.
  6. Tjahja, kawisesa dening kaju, tegesipun : pranawaning tjahja (nur) punika kaprabawan kawasaning gesang, milo kabasakaken Hjang Mahawisesa, dados warangkaning Hjang Mahamulja, awit tjahja punika anglimputi afngaling aatma.
  7. Kaju, kawisesa dening dat, tegesipun : kawasaning gesang punika kaprabawan purba wasesaning dat, mila dipun basakaken Hjang Mahamulja, dados susulihing Hjang Maha-sutji, awit dene atma punika amumpuni afngaling dat sadaja.
  8. Dene dat punika tanpa dunungan, amung andjenggereng djumeneng akadijat, sabab purba wisesanipun sampun wonten kanjatahaning gesang ingkang sanjata tanpa wangenan, inggih gesang kita punika. Dene gesang kita punika inggih saestu dating Gusti ingkang Mahasutji sadjati, pratandhanipun wonten 3 prakawis, kados ing ngandhap punika :
  1. Dumunung ing afngaling napsu, inggih punika : 1. arip titimbanganing melek, 2. luwe titimbanganing tuwuk, 3. ngelak titimbanganing ajem, 4.sahwat titimbanganing rerem.
  2. Dumunung ing afngaling suksma, inggih punika : 1. sereng titimbangane sareh, 2. supe titimbanganing emut, 3. bingung titimbanganing lana, 4. pangling titimbanganing waspada.
  3. Dumunung ing afngaling rasa, inggih punika : 1. uwas titimbanganing santosa, 2. susah titimbanganing bingah, 3. sakit titimbanganing saras, 4. bilahi titimbanganing rahardja.
Menggah afngaling napsu, afngaling suksma tuwin afngaling rasa, 3 prakawis kasebut ing nginggil punika, saestunipun inggih saking kodrat-iradat kita sadaja.
Dene babaring wudjuding gesang kita, inggih warananing dat, sipat, asma lan afngaling Pangeran ingkang sarana mawi papangkatan 7 prakawis kados ingkang sampun ka'andharaken ing nginggil, gerbanipun namung 3 prakawis, ing ngandhap punika pratelanipun :
  1. Roh dipun wastani atma, dados kahananing gesang, anglimputi ing ndalem sarira, amengku djamaning alam akerat.
  2. Malaekat dipun wastani pramana, dados kahananing gesang, angreksa indhak tuwin lumungsuring ing ndalem sarira kita, amengku djamaning alam supena.
  3. Setan, inggih punika napsu, dipun wastani hawa, dados kahananing gesang anjolah bawakaken karkatipun ing ndalem sarira, amengku djamaning alam dunja. Menggah pratandhanipun : bilih muntu penggalih, manekung mudja samadi (tafakur), ameleng neges ing karsa, manawi sampun eneng-eneng sajektos (menep), ladjeng djleg wonten utusaning Hjang Kang Mahasutji, medal saking sarira kita kang Mahamulja, amawa ondha katingal saking pramananing netra, karaos ing ndalem rasa, lah ing ngriku punika ingkang sinedya wonten, ingkang kinarsa dhateng, inggih saking pamarmaning gesang kita pribadi, (Dene pratikelipun manawi badhe manekung mudja samadi, mriksanana serat maladining, ing ngriku sampun kapratelakaken kalajan tjetha gamblang awidjang-widjang, wasijat Dalem Kangdjeng Panembahan Senapati Ngalaga ing Matawis).
Ing samangke badhe mratelakaken tuturutaning papangkatan 7 prakawis, saking warananing dat,sipat,asma tuwin afngal, kados ingkang kasebut ing nginggil, pratelanipun makaten :

  1. Ingkang rumijin kaju, tegesipun gesang, dipun wastani kaju, tegesipun : anggesangi, dipun wastani malih kajudaim, tegesipun : gesang langgeng. Dene sadjatosipun inggih namung satunggal, inggih kaju punika. Kajudaim utawi salatdaim punika sami dumunung ing ndalem kaju, tegesipun : tetap langgeng wonten ing kahananing gesang kita pribadi.    
  2. Nur (tjahja), punika inggih namung satunggal nanging ladjeng dipun wastani 5 warni, inggih punika : 
  1. Nur-rijat (tjahja sasar), warni tjemeng.
  2. Nur-rani (tjahja kalih), punika tjahja napsu, warni abrit.
  3. Nur-madi (tjahja sengsem), warni djenar sumirat.
  4. Nur-buwat (tjahja kang sentosa), warni idjem.
  5. Nur-muhammad (tjahja kang pinudji), warni pethak.
 Dene gerbanipun tjahja 5 prakawis wau punika, kasebut Nur-rolah, tegesipun : tjahjaning Allah.
              3. Sir, inggih punika rasa, ladjeng kaperang dados 6 prakawis, inggih punika :
  1. Sir-ibtani, inggih rasa purba, dados tjahjaning asmara nala.
  2. Sir-kabari, inggih rasa wisesa, dados tjahjaning asmara purba.
  3. Sir-mala, inggih rasa sampurna, dados tjahjaning asmara turida.
  4. Sir-badji, inggih rasa mulja, dados tjahjaning asmara dana.
  5. Sir-kreki, inggih rasa djati, dados tjahjaning asmara tontra.
  6. Sir-wahda, inggih rasa tunggal, dados tjahjaning asmaragama, ugi kasebut sir-gaibbi.
Sir 6 prakawis punika, kasebut sirrolah, tegesipun rasaning Allah.
   4. Roh, tegesipun njawa utawi suksma, wonten 7 perangan, inggih punika :
  1. Roh djasmani, njawaning djasat, punika wajanganing njawa, anggesangaken anggotaning badan.
  2. Roh rabadi, njawaning tumuwuh, anggesangi wulu, kuku.
  3. Roh napsani, njawaning napsu, anggesangi hawanapsu.
  4. Roh rokani, njawaning suksma, anggesangi warananing njawa.
  5. Roh rahmani, njawaning sipat murah, ugi dipun wastani roh rabani, tegesipun njawaning Pangeran, anggesangi kahananing rasa.
  6. Roh nurani, njawaning tjahja, anggesangi warananing dat.
  7. Roh ilapi, sasandhanganing njawa kang wening, dipun wastani roh kudus, tegesipun njawa sutji, anggesangi kahananing atma.
Dene sadaja wau kasebut roholah, tegesipun rohing Allah, inggih njawaning Allah. Miturut wasijat Dalem Kangdjeng Sultan Agung, rikala musawaratan ngelmi kalijan Kjai Pangulu Achmad Kategan, makaten pangandika Dalem : ,,Sadjatine roh iku sawidji, minongka hanananing rasa, binasakake njawa, utawa djiwa, kasebut aran suksma, prabedane padha mawa tondha sowang-sowang, jaiku mangkene :
  1.  Tandhaning roh, kang anganakake getih.
  2.  Tandhaning njawa, kang anganakake keteg.
  3.  Tandhaning djiwa, kang anganakake napas.
  4.  Tandhaning suksma, kang anganakake getih rasaning djasat.
Ananging suksma iku uga ana papangkatan 7 warna, terange mangkene :
  1. Patemoning djasat lan napas, den arani suksma-tjahja, tegese suksma lahir.
  2. Patemoning napas lan budi, den arani suksma-dyatmika, tegese suksma batin.
  3. Patemoning budi lan napsu, den arani suksma-lana, tegese suksma tetap.
  4. Patemoning napsu lan njawa, den arani suksma-djati, tegese suksma njata, suksma rasa.
  5. Patemoning njawa lan rasa, den arani suksma-djati, tegese suksma njata, suksma rasa.
  6. Patemoning rasa lan tjahja, den arani suksma-wisesa, tegese suksma wenang.
  7. Patemoning tjahja lan urip, den arani suksma-kawekas, tegese suksma wekasan.
Dene patemoning suksma kabeh mau dadi suksma linuwih, tegese suksma utama, binasakake retna embanan salaka, jen kumpul dadi retna inten, binasakake retna embanan kantjana, iku ngibarate martabat wakidijat tjampur dadi sasraludira, binasakake retna embanan sosotja, iku ngaibarate martabat akadijat, waluja dadi manik-maja wandradi, binasakake retna embanan tjahja, gumilang tanpa wawajangan, tegese bali dating dating nukat-gaib,mulih marang adjali abadi". Telas pangandika Dalem Kangdjeng Sultan Agung, Kyai Pangulu Achmad Kategan nembah sampun sasinggihan dhawuh. Dalem punika, mila inggih makaten punika menggah wontenipun bahasan.
Dene terangipun ngelmi kasampurnan punika, gumantung wonten ing dalem kawitjaksanan. 
5. Napsu, inggih punika angkara, inggih namung satunggal, nanging kawastanan 4 warni, inggih punika :
  1. Napsu luamah, tegesipun pangongsa, ndarbeni hawa ingkang murugaken : dremba, arip, luwe sapanunggalanipun, wahjanipun saking lesan, dados ngibarat kahananing manah ingkang asorot tjemeng, sampurnanipun anarik leburing wulu kuku.
  2. Napsu amarah, tegesipun sereng, ndarbeni hawa murugaken : angkara, panasten, duka sesaminipun, wahjanipun saking karna, dados ngibarating manah ingkang asorot abrit, sampurnanipun anarik leburing kulit tuwin erah.
  3. Napsu supijah, tegesipun adreng, ndarbeni bawa murugaken : murka, ngudja pepenginan sasaminipun, wahjanipun saking netra, dados ngibarating manah ingkang asorot djenar, sampurnanipun anarik leburing daging lan otot.
  4. Napsu mutmainah, tegesipun djendjem, ndarbeni hawa murugaken : loba, inggih punika loba dhateng kautaman, ngalampahi tapabrata ingkang kalantur-lantur boten mawi watawis, wahananipun saking babalung, wahjanipun saking grana, kasebut dados ngibarating manah asorot pethak.
Dene pratitisipun, witing napsu punika saking uteg, wedalipun andarbeni pangawasa. Manawi napsu dumunung ing manik, dados tjipta, ladjeng andarbeni pangrasa. Manawi dumunung ing lesan, ladjeng angedalaken swara. Manawi dumunung ing djantung , dados angen-angen, ladjeng ndarbeni panggrahita, dene wedalipun saking djantung, ladjeng dados nupus, katampen ing wadhuk dados ampas, katampen ing rempelu, ladjeng nunggil lampahing erah, dados tanapas, angambah dhateng madjas, ladjeng dumunung ing lilimpa, dados napas, sumarambah ing djasat, ladjeng dados keketeg, sarta amratandhani karkating solah bawa, mila sangkanipun saliring agngal punika wau, sami medal saking hawaning napsu sedaja.  
 6. Ngakal, tegesipun budi, inggih namung satunggal, nanging ladjeng kawastanan 5 warni, inggih punika :
  1. Budi-sanubari, inggih manah sanubari, teges wahananing budi.
  2. Budi-maknawi, inggih manah maknawi, tjahjaning budi.
  3. Budi-suweda, inggih manah suweda, woding manah.
  4. Budi-puat, inggih manah puat, woding djedjantung, nama budi djati, tegesipun manah sutji, dados ngibarat pramananing budi. 
  5. Budi-siri, inggih manah siri, rasaning manah, dipun wastani budi napi, tegesipun manah wening, dados ngibarat pangraosing budi.
Budi 5 prakawis wau ladjeng makarti 2 papangkatan, kawastanan tjipta lan pontjaindrija.
Tjipta mengku 2 prakawis, kadosta :
  1. Dipun wastani lotjita, tegesipun karenteging batos, kasebut nama linggamaja, inggih djumenenging osik, kadosta : ambegan, grahita, hesthi.
  2. Dipun wastani pontjamaja, tegesipun osik pamawasing budi ingkang taksih sinuksma ing dalem rasa, dene widjangipun wonten 2 prakawis, inggih punika : sapisan, dipun wastani kartika, tegesipun pangrarasing batos, kasebut nama tjiptamaja, tegesipun wahananing osik, kadosta : angkara, bilai, sedya, karsa, gardjita. Kaping kalih dipun wastani unandika, tegesipun ungeling batos, kasebut nama wahjamaja, tegesipun wedaling osik, inggih punika : pangraos, panginten, panjana, panjakra, pandjongkah.
Dene pantjaindrija tegesipun manah 5, inggih punika pangawasanipun budi ingkang sampun kawedal ing dalem rasa, menggah widjangipun wonten 5 pakarti, inggih punika :
  1. Dipun wastani karmendrija, tegesipun purbaning budi, kadosta : paningal, pamjarsa, panggonda, pamirasa (rasa ilat), pangrasa (rasa badan).
  2. Dipun wastani hanterendra, tegesipun antawising budi, inggih punika : keteg, napas, kedheping netra, kenjaming lambe lan kenjaming ilat.
  3. Dipun wastani djajandrija, tegesipun wisesaning budi, kadosta : raosing kulit, pardji utawi kalam (purusa).
(Keterangan : no 4 dan 5 sesuai saduran buku tidak ada  keterangan).
 7. Djasat, tegesipun badan, kawidjang dados 2 perangan, inggih punika :
  1. Djasat turat, tegesipun djasat kadosan, kawastanan djisim, dipun basakaken badan djasmani, inggih badan wadhag. 
  2. Djasat latit, tegesipun badan alus, winastan djirim, dipun basakaken badan rokani, inggih badan suksma. Menggah djangdjinipun badan wadhag lan badan alus, boten kenging pisah saking paran sangkanipun (asalipun) tansah anunggil kahanan sadjati. Ing tembe badan wadhag kaju daim, tegesipun gesang tetep, dumunung ing kahanan kita pribadi, warongka mandjing tjuriga. Dene nalika badan wadhag taksih dados embanan, pralambangipun tjuriga mandjing warongka. Amila ladjeng wonten babasan makaten : djasat embaning budi, budi embaning napsu, napsu embaning karsa, karsa embaning suksma, suksma embaning rasa, rasa embaning tjipta, tjipta embaning kawasa, kawasa embaning wisesa.
Ingkang dipun wastaning badan wadhag punika djasat, dene budi lan sapanunggilanipun punika badan alus. Dene pratikelipun manawi badhe angluluhaken badan wadhag wau, minurut wasijat Dalem Ingkang Sinuhun Kangdjeng Sultan Hamengku Buwana I Ing Ngajugjakarta, kenging kalalantih sarana tapa-brata makaten : 
  1. Susutji, tegesipun anjutjeni panggalih.
  2. Angingirangi dhahar, tegesipun dhahara jen sampun luwe.
  3. Angingirangi sare, tegesipun sareja jen sampun arip.
  4. Angingirangi pangandika, tegesipun boten kenging trotjoh.
  5. Angingirangi sahwat, tegesipun sahwata kalijan garwa kemawon.
  6. Ambirata napsu bawa, tegesipun angitjalna sagung sak serik sasaminipun.
  7. Sampun pegat anjipta'a makaten : djagat bumi ngalam kabeh sumurupa marang badan, badan sumurupa marang budi, budi sumurupa marang njawa, njawa sumurupa marang rasa, rasa sumurupa marang tjahja, tjahja sumurupa marang urip, urip sumurupa marang dat, dat sumurupo marang ingsung, ingsun djumeneng pribadi, tanpa timbangan lan tanpa lawan, ananing kalaratingsun. 
Kadjawi punika inggih kedah nindakaken njepen, tegesipun ulah samadi angeningaken tjipta. Saliring rupa kita, kapasrahna ingkang darbe rupa, swara kita, paningal kita, pamiharsa kita, panggoda kita, pangraos kita, pamiraos kita, sami kawangsulna dhateng sangkan paranipun pijambak-pijambak. kita ladjeng ngengkokana tadjalining Gusti kang Mahasutji sadjati, kang murba misesa, kang kawasa andadosaken alam sadaja.
Manawi sampun saged makaten, inggih punika nama salat daim, inggih ingkang dipun wastani sadjatining salat, tanpa antawising wektu, sarta boten mawi metang rekangat, mila kasebut : salat angiras njambutdamel, lenggah sarwi lumampah, lumampah kalijan ndheprok, lumaju salebeting kendel, bisu kalijan tjarijos, tilem kalijan melek, makaten punika babasanipun, sebab chakekating salat daim punika sudjud tanpa rukuk, inggih punika amung dumunung wonten ing rahsa salebeting gesang kita, ingkang anandhakaken adegipun, inggih gesang kita pribadi, rukukipun inggih paningal kita, sudjudipun inggih panggonda kita, wawaosaning ajat inggih pamiraos kita, lenggahipun inggih teteping iman kita, tak'jatipun inggih manteping tokid kita, salamipun inggih makripat islam kita, pupudjianipun panjing widjiling napas kita sarana panebut : hu Allah, dhikiripun inggih awas emut kita. Sampun was sumelang malih, sebab djumenenging dat, sipat, asma, lan afngal kita sampun dados kur'an sadjati, ingkang mratandhani sadjatining salat sadaja. Inggih salat daim punika, manawi ihtikadipun makaten :
Niat ingsung salat daim, kanggo salawase urip ingsung, adege ija iku urip ingsung, rukuke paningal ingsung, iktidale pamiharsaningsun, sudjuding panggandaningsung, wawatjaning ajat pangutjap ingsung, lungguhe teteping iman ingsung, takjate mantepe tokid ingsung, salamemakripat ingsung, dhikire awasingsung, pupudjine anata lebu wetune napas ingsung, (ambegan), sarwa manebut : hu Allah (namung kabatos), keblate madhep marang hening, hening ingsung prelu anglakoni wadjib, saka kodrating sun dhewe. Ladjeng pasraha nalongsa dhateng dating gesang kita pribadi, sampun mawi was sumelang malih.
Wontenipun salat daim kados ingkang kasebut ing nginggil punika sanjata sampun menghoni chakekat rukuning Islam 5 prakawis, tuwin ugi mengkoni chakekat pikekahing iman 6 prakawis kados ing ngandhap punika suraosing tegesipun :
Sapisan : rukuning Islam punika 5 prakawis :
  1. Sahadat, chakekatipun : anglampahi ketemenan dumunung ing pamiraos, anuhonana witjantenipun, inggih punika netepi sahadat.
  2. Sijam, chakekatipun wonten ing parimah, dumunung ing panggoda, anggger saged mepet gagandan ingkang amrik arum amenginaken, tuwin gonda boten kangge pangisep-isep ing piawon, inggih punika netepi sijam.
  3. Djakat, kakekatipun, wonten ing rila, dumunung ing paningal, angger saged emut amitjakaken netra, inggih punika netepi djakat.
  4. Salat, chakekatipun wonten ing kautaman, dumunung ing karma, angger sabar ing pamiharsa, anutjekaken sabarang karsa, tansah rila legawa, punika sampun netepi salat.
  5. Kadji, chakekatipun wonten ing panalongsa, dumunung ing pangraos, tindak tanduk sarwa susila, saged anjirnakaken raos amedjahi sarira, punika netepi kadji. 
Terangipun malih bab rukuning Islam wau chakekatipun makaten :
lesan bisu, irung pepet, mripat wuta, kuping tuli, badan mati, inggih punika rukuning Islam sedjati, tegesipun : saget mati sakdjroning urip, djandji saged mati sadjroning urip, jekti saged urip sakdjroning pati, malah jen katarimah saged urip salawase. 
Sagedipun kasembadan netepi rukuning Islam kados makaten wau, kedah kalalatih medjahi napsu hawa, sadaja-sadaja badan kita namung darma ngakoni.
Kaping kalih : pikekahing iman punika 6 prakawis :
  1. Angandel ing Allah, chakekatipun : angestokaken gesang ing djasat kita, rumaos manawi dados sipating Allah sadjati, liripun : djasat kita kedah sinutjenan, tansah angangkah-angkah anggenipun anjolahaken sarira, tindak-tanduk solah-bawa muna-muni, kedah boten tilar ing kasusilan, inggih makaten punika menggah dununging pangandel dhateng Allah.
  2. Angandel ing malekat, chakekatipun angestokaken wahjaning paningal, panggoda, pamiharsa, pangrasa, liripun : Paningal boten kenging kangge ningali samubarang piawon, nanging ngemungna kangge ningali sakathahing wawarnen ingkang leres lan sae, sarta mawa paedah ingkang dhateng karahayon. Panggoda boten kenging kangge anggegonda samubarang ingkang njembuh dhateng kasengseman, nanging ngemungna kangge angisep-isep sawarnining lampah kawitjaksanan, kaleresan sasaminipun. Pamiharsa boten kenging kangge mirengaken swaraning dora para tjidra sasaminipun, nanging pamiharsa wau ngemungna kangge mirengaken swara ingkang nudju dhateng wedharing kasaenan. Pamitjara boten kenging ngedalaken witjara ingkang boten leres, nanging angemungna kangge medhar sawarnining kaleresan, ingkang mawa paedah andamel kawiludjengan. Pangrasa, sampun ngantos pangrasa tansah angemataken saketjaning raga, ingkang kalanturipun ladjeng andjurungi dhateng sawarnining kaengseman, ananing angemungna rasa wau kalalantih amatiraga. Tjekakipun sadaja wau kedah anglampahi sawarnining kasaenan kautaman sasaminipun, inggih kados makaten punika tegesing angandel dhateng malaekatipun. Mila makaten sabab chakekating malaekat punika dumunung salebeting pontjaindrija tuwin salebeting pontjomaja, kadosta : malaekat Israpil dumunung ing paningal, Mika'ail ing panggonda, Ngidjra'il ing karna, Djabara'il ing pamitjara, Aruman ing njawa, Kerunwanakirun ing napsu, Kariman Katibin sami dumunung ing budi.
  3. Angandel ing utusan, inggih dhateng Nabi Muhamad, chakekatipun : angestokaken dhateng wahananing rasa, tegesipun saged angestokaken pangraos, andjagi kawontenaning djasat murih wiludjeng, punapadene tansah angeningaken tjipta, inggih makaten punika teteping pangandel ing utusanipun, sabab djasat punika utusaning rasa, rasa utusaning gesang, inggih gesang kita, inggih gesanging Hjang Mahasutji.
  4. Angandel ing Kitab, chakekatipun : angestokaken kahananing njawa, inggih awas lalampahaning gesang, saha emut mula buka kadadosan kita, inggih sadjatining kahanan kita, ingkang sanjata dados warananing Hjang kang Mahasutji, inggih tekad makaten punika ingkang nama angandel ing Kitab.
  5. Angandel untung sae untung awon saking karsaning Allah, tegesipun : begdja tjilaka punika saking takdiring Allah, chakekatipun : angestokaken bilih babring hawa napsu punika saking pandamel kita pribadi, liripun : angger enggal analongsa pasrah dhateng dat kita, inggih punika ingkang nama angandel untung sae untung awon saking karsaning Allah, ateges angandel dhateng kuwasaning Allah.
  6. Angandel dinten kang achir (dinten kiamat) tegesipun dinten wekasan, chakekatipun : angestokaken pepesthening pedjah punika saking wasesaning dat kita pribadi, pikadjengipun : angger asring anokidaken ihtikadipun kalajan santosa sarta temen, bilih pedjah punika sanjata saking wisesaning Allah, inggih wasesaning dat kita pribadi, lan inggih makaten punika ingkang nama angandel dinten kang achir (dinten kiamat). 
Ing samangke angladjengaken urut-urutaning dat sadaja, ingkang ing ngadjeng sampun kapratelakaken satunggal-satunggal, murih radi gampil panjuraosipun, prelu dipun daerahaken menggah papangkatipun wontening dat wau, inggih punika makaten :
Gesang, inggih dat muklak kadim adjali abadi, tegesipun : djanggerenging kang sipat hesa, kang amasthi rumuhun pijjambak, kala taksih awang-uwung ing kahanan kita kasebut : wisesa. Dene dat punika tanpa tuduhan, amung dumunung anjarambahi wonten salebeting gesang kita pribadi, ananging kathah ingkang sami katambetan  (boten anjumerepi), awit saking dene ladjeng kasebut boten mawi djaman makam, boten arah boten pranah, tanpa kontha rupa warna, sepen saking gonda rasa swara, asipat elok, dede djaler dede estri, dede wandu, dipun pralambangi kombang angadjab ing tawang, ing ndalem martabat kasebut : latakjun, sebab saking dereng nyata. Menggah terangipun maketen :  gesang, inggih sipatipun Ingkang Mahasutji, punika sumurup anglimputi saindenging djagat saisen-isenipun, pipindhanipun kadosdene wontenipun hawa anggenipun sumusup anglimputi djagat raja saisen-isenipun sadaja, dados boten wonten papan sanadjan namung sabolonging djarum pinara sasra ingkang boten kadunungan hawa, ateges ing saindenging djagat raja punika kebak hawa, inggih kebak dat, inggih gesanging Pangeran Ingkang Mahasutji.
  1. Kaju, tegesipun : kang urip (agesang), inggih punika atma, kasebut wasesa minongka tadjalining dat, awit kasorotan purbaning dat sadjati, dipun pralambangi kusuma andjrah ing tawang, tegesipun, sekar dhumawah ing tawang, mila ing ngalem martabat kasebut : takjun awal, dene wiwit sanjata kahananipun (kanjatahan sapisan).
  2. Nur (tjahja) kasebut pranawa, minongka tadjalining kaju, inggih punika dados sasandhaning gesang, awit kasorotan saking wisesaning atma sadjati, dipun pralambangi tundjung tanpa talaga, tegesipun : sekar rate gesang, boten mawi toja, mila ing ndalem martabat kasebut : kajun sani, dene sampun sanjata ing kahananipun, sabab kajun punika tegesipun kanjatahan ingkang kaping kalih.
  3. Sir, tegesipun : rasa, kasebut mana, minongka tadjalining nur (tjahja), awit saking kasorotan wisesaning pranawa sadjati, dipun pralambangi isining wuluh wungwang, tegesipun : boten kawistara, mila ing ndalem martabat kasebut : akjan sabitah, dene sanjata titis ing kahanipun.
  4. Roh, tegesipun : njawa, kasebut suksma, minongka tadjalining rasa, awit kasorotan wisesaning mana sedjati, dipun pralambangi tapaking kuntul manglajang, tegesipun : boten mawi tabet, mila ing ndalem martabat kasebut : akjan kadjirijah, sabab amedal ing kahananipun.
  5. Napsu (hawa), tegesipun : angkara, minongka tadjalining roh, awit kasorotan saking wisesaning suksma sadjati, dipun pralambangi : latu murub ing telenging samudra, tegesipun : kaelokan, mila ing ndalem martabat kasebut : akjan mukarijah, dene sanjata gesang ing kahananipun.
  6. Ngakal, tegesipun : budi, ugi kasebut : indrija, minongka tadjalining napsu, awit kasorotan saking wisesaning angkara sadjati, dipun pralambangi : kuda ngerap ing wantingan, tegesipun : kuda njander ing kakarungan, jekti nama kaelokan, awit kapal taksih kinarung wonten salebeting djadjaran dados upatjara, teka saged ngerap, punika mokal, dados suraosipun sami kalijan : lumpuh angideri djagat, mila ing ndalem amartabat kasebut : akjan maknawijah, dene sanjata wedharing kahanan.
  7. Djasat (badan), tegesipun : wadana, minongka tadjalining budi, awit kasorotan ing wisesaning indrija sadjati, sarta djasat wau dados wahananing sipat, punapadene dados embananing mudah, makaten ugi sadaja sorot sami sumarambah maratani ing naggotaning badan djasmani sadaja, ateges sampun asipat (wudjud), ladjeng kapralambangan : kodhok kenemulan ing leng, kodhok ngibarating mudah ingkang wonten salebeting djasat, inggih punika dating kawula. Bilih taksih djumeneng wadjah inggih Dating Gusti, kapralambangan : leng kenemulan ing kodhok, leng ngibarating wadjah, Inggih Dating Gusti.
S E L E S A I